Kultum Ramadhan Pakai Bahasa Jawa, Ada Pembuka dan Ayat Al Quran Lengkap Pas Untuk Bulan Puasa

- 22 Maret 2022, 11:09 WIB
Kultum Ramadhan Pakai Bahasa Jawa, Ada Pembuka dan Ayat Al Quran Lengkap Pas Untuk Bulan Puasa
Kultum Ramadhan Pakai Bahasa Jawa, Ada Pembuka dan Ayat Al Quran Lengkap Pas Untuk Bulan Puasa /pixabay/ SyauqiFillah

Sampun dipun shohihaken deneng poro ulomo, bilih Alloh swt puniko menawi ngersaaken sae dateng kawulonipun, kawulo kasebat dipun tedahaken keawonan soho celo-celo engkang wonten awak ipun piyambak.

Lajeng Alloh paring gampil ngicali awon utawi celo saking awakipun. Lajeng nyampurnaaken sekedik boko sekedik hinggo dados sempurno miturut bagianipun saking Alloh.

Baca Juga: Puasa Ramadhan Bakal Gandakan Amalmu Hingga Ratusan, Ustadz Khalid Basalamah Sebut Syarat Ini

Limrahipun utawi kathah-kathahipun manungso sami mboten nyumerapi celo lan awonipun piyambak. Sami anggadahi anggepan bilih piyambakipun sampun sae, sae menggahipun masyarakat lan sae menggahipun Alloh.

Akibat saking anggepan puniko, piyambakipun menawi sumerap awon utawi celo engkang namung sak klilip mawon rame-rame lan kadamel rasan-rasan.

Celo utawi awon engkang malang wonten ngajeng mripatipun piyambak mboten ketingal, mboten rumaos awon utawi anggadai celo. Kados pribasan: ojo podho nyacat wong liyo, ngilo getho’e dewe. Kanjeng Nabi dawuh:

يُبْصِرُ أَحَدُكُمُ الْقَذَى فِى عَيْنِ أَخِيْهِ وَيَنْسَى الْجِذْعَ فِى عَيْنِهِ. (رواه أبو هريرة)

“Salah siji iro weruh kotoran cilik ono mripate dulure, ananging lali kayu malang ono mripate dewe.”

Ngilo getho’e dewe lan metani awon serto celone dewe, ora niti-niti alane wong liyo, lajeng ambudidodyo ngilangi cacat utawi alane piyambak hinggo dados sae meniko sumber ipun kabekjan. Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh:

طُوْبَى لِمَنْ شَغَلَهُ عَيْبُهُ عَنْ عُيُوْبِ النَّاسِ. (رواه البزار)

Halaman:

Editor: Endro Anung S

Sumber: nuponorogo.or.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah