Kultum Ramadhan Pakai Bahasa Jawa, Ada Pembuka dan Ayat Al Quran Lengkap Pas Untuk Bulan Puasa

- 22 Maret 2022, 11:09 WIB
Kultum Ramadhan Pakai Bahasa Jawa, Ada Pembuka dan Ayat Al Quran Lengkap Pas Untuk Bulan Puasa
Kultum Ramadhan Pakai Bahasa Jawa, Ada Pembuka dan Ayat Al Quran Lengkap Pas Untuk Bulan Puasa /pixabay/ SyauqiFillah

Menawi pepanggihan kalian tyang lintu, kita anggep tyang meniko langkung sae, langkung taqwa, langkung kathah amal sholihipun soho langkung inggil derajat ipun.

Menawi kepanggih lare alit utawi lare anem, dipun nasehati awak kita, “Bocah cilik utawo bocah anem iki dosane luwih sethithik tinimbang dosa ku.” Sebalikipun, menawi kepanggih tiyang sepuh, dipun nasehati awak kita, “Tiyang sepuh iki amal sholihe luwih akeh lan luwih akeh anggone paring manfaat marang wong liyo. Sebab dewekne luwih disik anggone takwa lan taat,”

Menawi kepanggih tiyang ‘alim, kita yakini bilih piyambakipun langkung sae, toto coronipun ibadah ugi langkung afdhol lan langkung leres. Ugi berjuang nyebaraken ilmunipun.

Menawi kepanggih tiyang mendo (bodo), kita bisiki awak kita, “Mungkin wae dewekne salah lan doso mergo ora ngerti (luwih sethithik dosone), sedeng aku salah utowo nglakoni doso kanthi sadar lan ngerti ilmune, sehinggo dosoku luwih abot lan akeh.”

Ngilo getho’e dewe utawi mawas diri kedah kita tindaaken saben wekdal supados kita kemutan kekirangan, kesalahan lan aib kita. Lajeng ambudidoyo ndandosi diri. Ampun niti-niti utawi metani kekirangan serta aibipun liyan.

Ngilo getho’e dewe utawi muhasabah meniko coro kagem ngendalikaken gesang kita, engkang bade ngasilaken efek luar biasa wonten diri kita. Teledor ngilo getho’e dewe utawi mawas diri bade ngrisak panggesangan kita, keluwargo tuwin masyarakat.

Rosululloh SAW andawuhaken:

اَلْكَيِّسُ مَنْ دَانَ نَفْسَهُ وَعَمِلَ لِمَا بَعْدَ الْمَوْتِ وَالْعَاجِزُ مَنْ أَتْبَعَ نَفْسَهُ هَوَاهَا وَتَمَنَّى عَلَى اللهِ (رواه أحمد)

“Wong cerdas yo iku wong kang ngitung-ngitung diri lan ngamal kanggo sak wise mati. Wong lemah (apes) yo iku wong kang nuruti nafsune lan arep-arep barang muhal marang Alloh.” (HR. Ahmad).

Mugi-mugi kita lumebet golonganipun tiyang-tiyang engkang asring ngilo getho’e dewe utawi mawas diri tuwin berbenah diri. Hinggo dados tiyang engkang rendah hati (tawadhu’), ngajeni tiyang lintu, mboten ngrumaosi langkung sae tuwin bejo dunyo lan akhiratipun. Aamiin.

Halaman:

Editor: Endro Anung S

Sumber: nuponorogo.or.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah